Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2016

Belajar Dasanama bahasa Jawa

Abang : rekta, abrit, mirah. Aku : Amba, ingong, ingwang, ulun, ingsun, kawula, patikbra, manira, robaya. Allah : Hyang Widhi, Hyang Manon, Hyang Maha Kawasa, Hyang Maha Asih, Hyang Maha Agung, Hyang Murbeng Jagad, Hyang Maha Adil, Hyang Akarya Jagad, lsp. Alus : mardu, mardawa, tanu.                                Ambegan : napas, huswa, swasa, huswasa. Anak : suta, sunu, siwi, atmaja, putra, weka, tanaya. Angin : riwut, bajra, sindhung, bayu, samirana, wirayang. Asor : dana, sudra, ina, nistha, papa. Ati : tyas, driya, prana, kalbu, nala, galih, wardaya. Awak : salira, sarira, badan, lingga, angga, dhiri, raga, tubuh. Awan : rahina, rina, siyang. Bagus : sigit, pekik, respati, jenthara. Banyu : tirta, we, her, warih, sindu, jahnawi, udaka, jala, ranu. Bapa : rama, yayah, sudarma, bapak. Becik : tarma, adi, luhun...

copas 2

Daftar Raja dan Kerajaannya dalam Cerita Wayang Prabu Abiyasa  Ratu ing  Ngastina Prabu Arjuna Sasrabahu  Ratu ing  Maespati Prabu Baladewa  Ratu ing  Madura Prabu Basudewa  Ratu ing  Madura Prabu Danaraja Ratu ing  Lokapala Prabu Dasamuka  Ratu ing  Ngalengka Prabu Dasarata  Ratu ing  Ayodya pala/Kosala Prabu Dewa Srani  Ratu ing  Rancang Kencana Prabu Drupada  Ratu ing  Pancalaradya Prabu Duryudana  Ratu ing  Ngastina Prabu Janaka  Ratu ing  Manthili Prabu Jangkung Mardeya  Ratu ing  Paranggubarja Prabu Kerna  Ratu ing  Ngawangga Prabu Kresna  Ratu ing  Dwarawati Prabu Kuntiboja  Ratu ing  Madur a Prabu Matswapati  Ratu ing  Wiratha Prabu Niwatakawaca  Ratu ing  Ima Imantaka Prabu Palgunadi  Ratu ing...

copas wayang......bagus

Dewi Banowati Mendhem Tresna Marang Arjuna 06 Mar 2010 Leave a comment by wayang in Wayang Jawa Dewi Banowati iku putrane putri Prabu Salya kang kaping telu saka prameswari Dewi Pujawati/Dewi Setyowati kang ora liya putrane putri Resi Bagaspati. Nalika wis dewasa, Banowati dadi prameswarine pambarepe Kurawa, Duryudana utawa Kurupati. Wiwit isih enom, Dewi Banowati kekancan raket kalawan Arjuna. Banowati sabanjure palakrama kalawan Prabu Duryudana kanthi bebana arupa gajah putih kang sratine sawijining putri. Sarat kang dijaluk Banowati iku, miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, sing minangkani dudu Duryudana dhewe ananging malah Arjuna karana panjaluke Duryudana. Duryudana lan Banowati peputra Leksmana Mandrakumara kang dumunung ing kasatriyan Serojabinangun lan Dewi Leksmanawati. Wandane Banowati iku sedhet lan rangkung minangka gegambaran yen Banowati iku pawakane nengsemake, sulistya ing rupa...