copas wayang......bagus

Dewi Banowati Mendhem Tresna Marang Arjuna

Dewi Banowati iku putrane putri Prabu Salya kang kaping telu saka prameswari Dewi Pujawati/Dewi Setyowati kang ora liya putrane putri Resi Bagaspati. Nalika wis dewasa, Banowati dadi prameswarine pambarepe Kurawa, Duryudana utawa Kurupati.
Wiwit isih enom, Dewi Banowati kekancan raket kalawan Arjuna. Banowati sabanjure palakrama kalawan Prabu Duryudana kanthi bebana arupa gajah putih kang sratine sawijining putri.

Sarat kang dijaluk Banowati iku, miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, sing minangkani dudu Duryudana dhewe ananging malah Arjuna karana panjaluke Duryudana. Duryudana lan Banowati peputra Leksmana Mandrakumara kang dumunung ing kasatriyan Serojabinangun lan Dewi Leksmanawati.
Wandane Banowati iku sedhet lan rangkung minangka gegambaran yen Banowati iku pawakane nengsemake, sulistya ing rupa lan grapyak sumanak. Jeneng Banowati dhewe ngadhut teges yen kasulistyane kayadene keplase cahya mbulan kang tumiba ing sandhuwure banyu bening.
Papan dununge ing keputren Taman Kadilengleng, dedeg piyadege mranani, saranduning sarira datan nguciwani. Dene watake tregal tregel merak ati lan pinter nuju prana. Kridhane dicritakake ing lakon Banowati Nagih Janji, Parikesit Lair lan Semar Barang Jantur.
Dewi Banowati duwe sedulur tunggal bapak ibu cacah papat. Yaiku Dewi Erowati, Dewi Surtikanti, Arya Burisrawa lan Raden Rukmarata. Nalika ngancik dhewasa Banowati wiwit seneng marang priya.
Dene jaka sepisanan kang dikenal lan banget ditresnani yaiku Permadi utawa Arjuna, putrane Prabu Pandhudewanata. Ananging karana Prabu Salya kepengin duwe anak mantu sawijining raja, wusanane Dewi Banowati dhaupake kalawan raja Astina, Prabu Duryudana.
Pungkasan uripe Banowati dicritakake ing lakon Pandhawa Boyong utawa Parikesit Lair. Nalika iku Dewi Banowati kalimputan rasa was sumelang karana kabeh kulawarga kurawa metu ing paprangan Baratayuda ing tegal Kurukasetra.
Dumadakan Aswatama tumeka lan ngaku yen diutus dening Prabu Duryudana supaya mboyong Banowati tumuju pesanggrahan Bulukapitu. Dewi Banowati nalika iku ora mendhem rasa cubriya marang Aswatama.
Wusanane Banowati gelem melu Aswatama metu saka kedhaton Astina. Ananging sawise sedina muput mubeng-mubeng ing tengah alas gung liwang-liwung, ing pangrasane Banowati wiwit tuwuh rasa cubriya.
Sabanjure Banowati takon marang Aswatama ana ing ngendi dununge pesanggrahan Bulukapitu iku. Aswatama dhewe ora gage mangsuli pitakone Banowati iku. Lan wusanane Aswatama malah sedya ngrudapeksa Banowati.
Mangerteni yen sejatine katemben ana ing tengahing bebaya, Banowati banjur ngedoh saka Aswatama. Lan wusanane, Banowati kasil luwar saka regemane Aswatama. Nalika Aswatama sedya ngrangket Banowati maneh, Banowati wus ditulungi dening Arjuna.
Meruhi ana Arjuna ing sacedhake Banowati, Aswatama milih mlayu lan banjur ndhelik ana sanjerone alas gedhe gung liwang-liwung. Sawijining wengi, Aswatama lan Kartamarma bali lumebu wewengkon kedhaton Astina kanthi cara nggawe trowongan.
Asatama kasil lumebu ing sanjerone kedhaton Astina liwat trowongan kang digawe bebarengan kalawan Kartamarma iku. Sawise krasa yakin yen swasana ing sanjerone kedhaton Astina aman, putrane Pandhita Durna iku banjur merjaya Drestajumena, Srikandi, Dewi Wara Subadra, Pancawala lan Dewi Banowati. Kanthi mangkono pungkasan uripe Banowati mati karana tindak culikane Aswatama.


cerita yang bagus....maaf saya mengkopi 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lianxi

Mencoba mencari metode pengajaran

[诗歌] The School Boy 小读书郎